Saturday, November 01, 2008

Untung Ora Nganggo Kathok


Kategori : Humor Suroboyoan

Pas dina minggu rina adikku dikongkon ibu ngunduh klopo kanggo ngawe kolak, kuwi biasa wong pancen bocahe tomboy jee...

Ngene undangaane ibu,
"Rin, aku undhuhno klopo kanggo kolak mengko."
"Yooo bu mariki," jawape rina.

Sedhelo engkas rina menyang buri saperlu menek wit klopo, bareng tekan nduwur deweke njeblokke klopo siji-siji{blak -bluk ] swarane. Gaekagete bocah lanang-lanang ing ngisore sing lagi jagongan. Banjur cah lanang-lanang moro kanti ndangak, trus rina nakoni,

"Hee, kowe gelem klopo ta? opo degan?"

Cah lanang-lanang ora jawab, tapi tetep ndangak karo koyok nggumun ngono. Terus rina malah bingung lan mudhun mlebu omah karo takon ibune,

"Bu, cah lanang- lanang mau nang ngisorku lapo yoo, wong tak tawani klopo emoh, tak tawani degan yo emoh, tapi tetep nang ngisor karo ndangak ngono?"

"O,pancen kowe cah bodho ngono kuwi nginceng kathokmu, ndhuk-ndhuk!" jawab ibuke.

Kanti roso seneng lan bungah tenan rina ngomong marang ibune,
"Oalah yoo SELAMET TENAN, BU AKU MAU LALI ORA KATHOKAN NGONO...!"

Ibune dadi tolah toleh,

"????????"


No comments: